Mangertosi Jenisipun Wilangan

Wontent pinten-pinten jenisipun wilangan ing dhalem piwulang itung-itungan(matematika) inggih meniko wilangan bulat, wilangan bulat ganjil, wilangan bulat genep, wilangan cacah, wilangan asli, wilangan prima, wilangan komposit, wilangan kuadrat, wilangan kubik, lan wilangan cacah.

 

Artikel meniko badhe mbahas masalah pintent-pinten wilangan ingkang asring dipun ginaaken ing dhalem pelajaran matematika. Kejobo mbahas masalah  pengertian wilangan, tulodho-tulodo wilangan inggih dipun paringi. Monggo dipun milai.

Wilangan Bulat

Wilangan bulat  inggih meniko kumpulan wilangan sangking wilangan bulat negatif, wilangan nol, lan wilangan bulat positif.

Tuladhanipun: $latex B={…, -3, -2, -1, 0, 1, 2, 3, …} $

[box type=”note” align=”alignleft” class=”” width=””]
Ingdhalem thulodo wilangan bulat ing nginggil saget dipun bagi dados 3 (tigo) bagian wilangan, inggih meniko

  1. wilangan bulat negatif milai sangking -1, -2, -3, lan sakterusipun
  2. wilangan 0 (nol)
  3. wilangan bulat positif milai sangking 1, 2, 3, lan sakterusipun.

[/box]

Wilangan Bulat Genep

Wilangan bulat genep inggih meniko wilangan ingkang telas dipun bagi kaliyan 2 (kalih).

Tuladhanipun: $latex G={…, -6, -4, -2, 0, 2, 4, 6, …} $

[box type=”note” align=”alignleft” class=”” width=””]
Wilangan 0 (nol) mlebet wilangan bulat genep sebabipun 0 dipun bagi kaliyan 2 hasilipun tetep 0 utawi telas. $latex \frac{0}{2}=0 $.
[/box]

Wilangan Bulat Ganjil

Wilangan bulat ganjil inggih meniko wilangan ingkan mboten telas dipun bagi kalian 2 (kalih).

Tuladhanipun: $latex J={…, -5, -3, -1, 1, 3, 5, …} $

Wilangan Cacah

Wilangan Cacah inggih meniko wilangan ingkang dipun milai sangking nol.

Tuladhanipun: $latex C= {0, 1, 2, 3, 4, ….} $

Wilangan Asli

Wilangan Asli inggih meniko wilangan ingkang dipun milai sangking 1 (setunggal).

Tuladhanipun: $latex A= {1,2,3,4,…} $

Wialnagn Prima

Wilangan Prima inggih meniko wilangan ingkang gadah namung kalih faktor mawon inggih meniko 1 (setunggal) kalian wilangan niku piyambak.

Tuladhanipun: $latex P= {2,3,5,7,11,…} $

Wilangan Komposit

Wilangan Komposit inggih meniko wilangan ingkang mboten bagian sangking bilangan prima lan setunggal (wilangan ingkang gadahi faktor langkung kaliyan 2 (kalih) ).

Tuladhanipun: $latex K= {4,6,9,10,12,…} $

Wilangan Kuadrat

Wilangan Kuadrat inggih meniko wilangan hasil kali-kalian sangking wilangan ingkang sami.

Tuladhanipun: $latex D= {1,4,9,16,…} $

Wilangan Kubik

Wilangan kubik inggih meniko wilangan hasil kali-kalian sangking 3 (tigo) wilangan ingkang sami.

Tuladhanipun: $latex K= {1,8,27,64, …} $

Wilangan Pecahan

Wilangan pecahan inggih meniko wilangan ingkang saget dipun tulis ingdhalem bentuk $latex \frac{a}{b} $ dan $latex b \ne 0 \to \frac {a}{b} = \frac {pembilang} {penyebut}$

Tuladhanipun:$latex \frac {1}{2}, \frac{3}{4}, \frac {4}{9} $

Ahmad Budairi
Ahmad Budairihttps://bloggersejoli.com/
Seorang Web developer yang suka menulis artikel di blog. Kader Penggerak Nahdlatul Ulama (NU)

Bacaan Menarik Lainnya

TINGGALKAN KOMENTAR

Silakan masukkan komentar anda!
Silakan masukkan nama Anda di sini

Baru Terbit